Seni Dakwahipun Kanjeng Sunan Kalijaga
Wonten ing Era Globalisasi menika asring kita manggehaken kasunyatan ingkang damel mirising ati. Amargi, kathah manungsa ingkang sampun kicalan raos kamungsanipun. Kathah tiyang tega damel dredah saha kerisakan kanthi pawadan njejegkaken ajaran agama ingkang mulya. Sak lajengipun, tumindak ingkang dipunlampahi sok-sok malah damel gorehipun panggesangan ing bebrayan agung. Mboten samestinipun bilih ajaran Agami Islam ingkang mulya menika dipundakwahaken kanti cara-cara ingkang nalisir saking wewaler ingkang ...