Wonten ing Era Globalisasi menika asring kita manggehaken kasunyatan ingkang damel mirising ati. Amargi, kathah manungsa ingkang sampun kicalan raos kamungsanipun. Kathah tiyang tega damel dredah saha kerisakan kanthi pawadan njejegkaken ajaran agama ingkang mulya. Sak lajengipun, tumindak ingkang dipunlampahi sok-sok malah damel gorehipun panggesangan ing bebrayan agung.
Mboten samestinipun bilih ajaran Agami Islam ingkang mulya menika dipundakwahaken kanti cara-cara ingkang nalisir saking wewaler ingkang sampun katetepaken dening Allah SWT saha Nabi Muhammad SAW. Dakwah Islam ingkang ngginaaken cara-cara ingkang mboten jumbuh kaliyan parentahipun Allah SWT saha Rasulipun tartantu badhe nuwuhaken crah saha damel risakipun kahanan ingkang sampun tumata sae wontening bebrayan agung.
Agami Islam menika nggadahi ajaran ingkang endah saha saged nengsemaken sok sinteno ingkang purun nyinau kanthi saestu. Nanging, kathah tiyang ingkang rumaos keminter lan nganggep piyambakipun tiyang ingkang bener saha pener piyambak, sahingga asring ngino dumateng tiyang sanes ingkang mboten sarujuk dumateng pamanggihipun. Lah kawontenan mekaten kala wau ingkang sakmenika asring damel gara-gara ing lebeting bebrayan agung.
Dakwah Islamiyah lan amar maruf nahi munkar meniko termasuk perkawis engkang penting. Sebab keleh perkawis meniko dados pokokipun agami (usuluddin). Ananing perlu kito perhatoskan, kelawan sak estu-estu bileh dakwah Islamiyah lan tugas amar (perintahaken dumateng tumindak kesaenan) meniko kedah lan tansah bil maruf, yaiku kelawan metode (utawi kelawan toto coro) engkang sae ugi santun (Q.S: An-Nahl :125).
Dakwah Islamiyah ingkang mboten damel gorehipun panggesangan masyarakat menika duing wuni sampun wonten tuladhanipun inggih menika kados ingkang sampun dipunlampahi dening para wali utawi para sunan kadosto dakwah ingkang dipunpelopori dening Sunan Kalijaga ing tanah Jawi.
Kala rumiyin Sunan Kalijaga anggenipun ngajak masyarakat supados mlebet Agami Islam menika kanthi cara-cara ingkang alus lan mboten damel masyarakat rumaos remen saha sengsem. Sebabipun, kathah tiyang purun mlebet Agami Islam kanthi lila legawa mboten karono dipun peksa.
Dakwah ingkang dipunpandegani dening Sunan Kalijaga menika ngginakaken unsur-unsur budaya ingkang taksih dipun cepengi saha dipun antepi dening bebrayan agung. Masyarakat rumaos remen lan rumaos mboten kapeksa anggenipun ngrungkepi Agami Islam.
Kawontenan menika benten sanget menawi dipuntandingaken kasunyatan sakmenika. Amargi, sakmenika kathah tiyang rumaos ajrih saha wigah-wigih menawi badhe nyinau babagan Agami Islam amargi tiyang-tiyang menika sami rumaos mboten pitados dumateng para dai lan ustadz ingkang mboten jumbuh menapa ingkang dipunngendikaaken lan menapa ingkang dipunlampahi.
Poro dai, mubaligh, lan ustadz niku bilih Islam menika agami ingkang mulya, luhur, inggil, ananging menika namung mandheg jegreg wonten ing lathi kemawon. Amargi tiyang ingkang ngendika kala wau mboten saged nedahaken lan mboten saged maringi tuladha tumindak ingkang jumbuh kaliyan punapa ingkang dipunngendikaaken.
Sunan Kalijaga menika salah satunggal wali ingkang saget manunggilaken antaranipun ajaran Agami Islam, budaya Jawa, lan kabudayaan sanesipun ingkang sampun lumampah ing tanah Jawi. Salah satunggalipun wujud kabudayaan ingkang dipun ginaaken dening Sunan Kalijaga pinangka media dakwah inggih menika kesenian Wayang.
Sunan Kalijaga nggadahi penemu bilih antaranipun agama lan budaya menika kedhah dipun gabungaken ananging sampun ngantos ngicali esensi utawi nilai-nilai dasar ingkang sampun wonten ing saben-saben kabudayan.
Lantaran kesenian wayang ingkang dipunanggit dening Sunan Kalijaga, Agami Islam saged tumanduk saha rumasuk wontening batos masyarakat kanthi mboten nuwuhaken gara-gara ingkang damel risak saha kapitunanipun tiyang kathah. Agami Islam saged ngrembaka, kabudayan saged ngrembaka bahagia lantaran dakwah ingkang ngginaaken rasa lan mboten nuwuhaken raos cubriya.
Saliyane ngginaaken wayang, Sunan Kalijaga ugi ngginaaken tembang-tenbang. Salah satunggal inggih punika tembang ingkang sampun dimangertosi kita sedaya, tembang Lir-Llir. Tembang sanesipun inggih punika Kidung Rumeksa ing Wengi ingkang populer lan ugi dados kidung wingit. Dene pendekatan ingkang dipungginaaken dening Sunan Kalijaga wonten tiga perkawis, inggih punika momong (persuasif utawi ngajak), momor (komunikatif), lan momot (akomodatif).
Sunan Kalijaga nindaaken dakwahipun kanthi cara pendekatan kultural utawi budaya, sehingga saged ngawontenaken simpati lan ugi empati dening bebrayan agung. Sunan Kalijaga ugi ngajari sikap narima ing pandum ingkang wonten gangsal sikap, inggih punika rela (mboten ngarepaken pamrih saking tumindakipun), narima (mboten irin lan dengki dumateng karemenan tiyang sanes), temen (setia lan ugi merjuangaken cita-citahipun), sabar (momot utawi kuwat imanipun) lan budi ingkang luhur. Mugi-mugi kita saged nuladhani ajaran ingkang sampun ditindakaken Sunan Kalijaga ing dalem dakwah Islamiyah sak menika.
Artikel ini ditulis oleh Suwanto. Penulis dari Pascasarjana UNY lan UIN Sunan Kalijaga Yogyakarta.
Suluk.id merawat Islam Ramah serta mengajak beragama yang menggembirakan